1. Nglairake gagasan sarana lisan ing sangarepe wong akeh iku bisa diarani kanthi istilah ….
a. jagongan utawa guneman c. pacelathon
b. pidhato utawa sesorah d. wawancara
2. Ing ngisor iki kalebu perangane sesorah kajaba ….
a. salam pembuka c. intonasi
b. purwaka d. surasa
3. Perangan pidhato utawa sesorah kang isine bab inti sing bakal diwedharake yaiku ….
a. purwaka c. salam pambuka
b. surasa d. panutup
4. Sesorah kang isine aweh panglipur utawa nggedhekake atine para sutrisna sing lagi nandhang susah diarani….
a. atur panglipur c. atur pangajak
b. atur pambagyo d. khutbah
5. Sampun dados budaya ing kraton Surakarta lan Ngayojakarta, bilih Saben tanggal 1 Sura ngawontenaken adicara Jamas Pusaka lan Kirab Prajurit.
Tanggal 1 sura pada karo tanggal ...
a. 1 Syawal c. 1 Rejeb
b. 1 Sya’ban d. 1 Muharam
6. Cepet lan alone anggone maca sesorah diarani ….
a. jeda c. tempo
b. solah bawa d. intonasi
wacanen kanggo mangsuli pitakon nomer 7 – 10 !
....
Para rawuh sedaya, kula minangka ketua panitia pentas seni ing dhusun menika rumaos suka bagyo awit sedaya nyengkuyung kegiyatan pentas seni ing dalu menika.
....
7. Ingkang atur sesorah sambutan inggih menika ....
a. ketua panitia pentas seni c. kepala dhusun
b. ketua panitia dhusun d. ketua karang taruna
8. Tembung “suka bagya” tegese ....
a. lancar banget c. seneng banget
b. susah seneng d. rekasa banget
9. Tembung “dalu” tegese ….
a. awan c. sore
b. bengi d. esuk
10. “Saking asiling pirembagan wulan kepengker katetepaken benjing-enjing badhe katindakaken kerja bakti”. Wulan kepengker tegese ….
a. sasi ngarep c. minggu ngarep
b. sasi wingi d. minggu wingi
11. Ana ing crita wayang, Adipati Karno iku atmajane Dewi Kunthi kaliyan Dewa Surya.
Tembung “atmajane ” tegese ….
a. kakange c. adhine
b. bapake d. putrane
12. Perang Bharata Yudha iku perang antarane ....
a. Pandhawa lan Kurawa c. Pandhawa lan Adipati karno
b. Pandhawa lan Basudewa Krisna d. Kurawa lan Adipati karno
13. Akeh satriya kang padha nemahi pralaya ing perang Bharata yudha. Tembung “pralaya” tegese ....
a. urip mulya c. urip kang rekasa
b. mati / seda d. slamet
14. “ Ana kabar ing TV ngandharake sakehing bencana alam.
Tembung “ ngandharake” tegese ….
a. nakokae c. nerangake
b. nyatakake d. nuwuhake
15. Tanpa ana tandha-tandha , dhumadakan Gunung Bromo njeblug.
Tembung “dhumadakan “ tegese pada karo tembung ....
a. ujug-ujug c. ndang-ndang
b. cepet d. suwe-suwe
16. Perilaku ing ngisor iki kalebu njaga kelestariane banyu, kajaba .... ....
a. nggunakake banyu sacukupe c. mbabati alas kanggo tegalan
b. seneng nandur wit-witan d. ora mbuwang sampah nang kali
17. “ Saben mangsa rendheng mesthi toyanipun mbludak, hingga ndadekake banjir.” Mangsa rendheng kuwi kosokbalene ....
a. mangsa udan c. mangsa gugur
b. mangsa ketiga d. mangsa tandur
18. Teks kang ngandharake babagan samubarang kanthi cetha, komplit, runtut, nganti sing maca andharan kaya-kaya bisa nyekel, nonton, ngrungokake apa wae kang dicritakake diarani ....
a. teks naratif c. teks persuasif
b. teks dheskriptif d. teks eksposisi
19.
|
Banyu kalen ngarep omahe Sardi mblabar menyang dalan. Ora let suwe, malah mlebu menyang omahe Sardi. Kuwi mau amarga kalen sakiwa lan tengen omahe Sardi padha kebuntetan wuh.
|
penemu kang trep kanggo kadadeyan kasebut yaiku ....
a. Omahe Sardi kebanjiran amarga Sardi kurang nggatekake karesikan lingkungan.
b. Omahe Sardi kebanjiran amarga Sardi sragep nggatekake karesikan lingkungan.
c. Omahe Sardi kebanjiran amarga tangga teparone kurang rukun.
d. Omahe Sardi kebanjiran amarga Sardi seneng kebanjiran.
20.
Tanggapan kang trep karo gambar ing sisih kiwa yaiku....a. tumindake wis bener, supaya omahe resik
b. tumindake wis pas miturut aturan
c. tumindake ora bener, sebab bisa nyebabake banjir
d. tumindake bisa kanggo conto kanca-kancane
21. Ana ing aksara jawa, pasangan sing ditulis samburine aksara kang dipasangi yaiku ….
a. wa, la c. da, ta
b. ha , sa d. ha, na
22. Pasangan aksara “ da “ sing bener ditulis ana ….
a. ngisore aksara kang dipasangi c. ndhuwure aksara kang dipasangi
b. ngarepe aksara kang dipasangi d. mburine aksara kang dipasangi
23. .
Tulisan jawa iku wacane ....
a. nagara kang endah c. nagara kang makmur
b. nagara kang sugih d. nagara kang subur
24. . Tulisan jawa iku wacane ….
a. lagi sekolah c. mangkat sekolah
b. lunga sekolah d. mulih sekolah
25. . Tulisan jawa iku wacane ….
a. tuku buku c. tuku salak
tuku duku d. tuku
Komentar